Asmarandana
Tresna iku kadya badra (8a)
Kang terang ing wayah wengi (8i)
Gawe ati ingkang peteng(8e)
Dadi padang kaya lintang(8a)
Kaya tresna ing kang mas(7a)
Sing tansah dasih lan luhur(8u)
Katon endah kadya puspa(8a)
Kinanthi
Wong kudu ngangsu kaweruh(8u)
Dikanthi ben ati-ati(8i)
Ngadep bebayan ing dunya(8a)
Ilmu iku modal urip(8i)
Supaya guna ing dunya(8a)
Lan bisa guna ing negri(8i)
Pangkur (adiwiyata)
Kahanan kudu dijaga(8a)
Amrih katon apik,endah,lan asri(11i)
Dirawat supaya subur(8u)
Lewat adiwiyata(7a)
Kahanan katon bisa subur lan makmur(12u)
Apik kanggo panguripan(8u)
Uga gawe bumi asri (8i)
Nama : Ginesia Dudin Wijaya
________________ _ _ _
Asmarandana (katresnan)
Sliramu kadya apsari
Ardaya kang kadya boma
Becike kadya radite
Aja digawe sungkawa
Mung siro kang sun tresna
Tresna kang ra bakal layu
Tansah ana tekan tuwa
Kinanthi (Adiwiyata)
Lingkungan wilis kang tuhu
Ora lepas saka kardi
Kardi tuhune manungsa
Yogya lan alane kardi
Uga saka manungsa
Manungsa ingkang mandiri
Pangkur (pendidikan)
Pemuda harapan bangsa
Pemikiran kang jembar kadya tasik
Uga semangat kang laju
Ayo padha miguna
Aja sira pralaya tumrap negara
Aja padha among karsa
Ayo padha makariya
Kanggo nggayuh datopati
Nama : Willy Ilham Fadillah
__________ _ _
Pangkur (adiwiyata)
Panggonan resik lan endah
Iku ana wong kang sregep ngrumati
Kaya puspa sing wis layu
Sing kekurangan tirta
Lan mbutuhke pupuk karya tumbuh subur
Siji bibit wit lan puspa
Nandur apik wohe becik
Kinanti (Asmara)
Sumilir angin ngerindhu
Similir ning njero ati
Ra bisa ngeremne netra
Eling sira gawe tangis
Wis dadi pungkasan crita
Ngenteni sira ra bali
Asmarandana(Pendidikan)
Budal yen wes ana rawi
Kukila pada nyuwara
Niat becik nggo uripe
Pawiyatan karya labda
Gone wong sing temenan
Nggo golek sangune ilmu
Ngampi teko praja cina
Nama : Meyda Dwi Hafizhah
______ _ _
Asmaradana
Budi pekerti sing apik
Nyembaha ing kuasa
Supaya uripe ayem
Adoh saka bebaya
Kanggo bangsa lan negara
Madep mantep lan mituhu
Supaya ilmu ne berkah
Kinanthi
Hawane ning njero sejuk
Ing njerone ana angin
Ijo kang akeh wit witan
Ayem kang nyejukne ati
Katon apik kang disawang
Dadekna lingkungan resik
Pangkur
Ibu wanita kang mulya
Ngrumat kanthi tresna saka cilik
Bekti ibu iku kudu
Prayogane utamakna
Surga ing ngisor telapak suku ibu
Ibu sabar lan narima
Kanthi tulus tanpa pamrig
Nama : Delvia Asista Indarusanti
_____ _ _
Asmaradana (Katresnan)
Ing wengi iki kang mulya (8a)
Enteke sinare mega (8a)
Ati kang sepi rasane (8e)
Senejan duwur acala (8a)
Ora dadi pepalang (7a)
Sliramu lintang atiku (8u)
Senajan ing candrawala (8a)
Kinanti (ngudi ilmu)
Sinau iku lelaku (8u)
Kang isa gawa besuki (8i)
Senajan nganti astana (8a)
Ilmu ora bakal nganti mati (8i)
Senajan abot ing akal (8a)
Ngarep bakti wuri aji (8i)
Pangkur (ngudi ilmu)
Manungsa urip sedela (8a)
Datan luput dosa gedhe lan cilik (11i)
Aja nganti lali idung (8u)
Penggawean kang luhur (12u)
Ngabdi bakti ing negara (8a)
Aja dadi uwong dusta (8a)
Mameh ilmu nganti mati (8i)
Nama: RAKADITO JIHAN FIRMANSA
________ _ _
kinanti (katresnan)
Sampun tresno langkung dangu
Kanti ikhlas tak lakoni
Ora bakal ana liya
Sliramu adem ing ati
Cah ayu ingkang tak tresna
Gawane kangen ning ati
pangkur (ngudi ilmu)
Ayo podo sregep maca
Yaiku maca buku basa jawi
Menyang isuk golek ilmu
Sekolah sinh tenanan
Supaya dadi wong sukses lan berilmu
Sinau aksara jawa
Kanggo sangu urip
asmaradana (adiwiyata)
Ayo padha urip resik
Sekolah adiwiyata
Meni endah meni tentrem
Tamane katon endah
Sabendinane di sapu
Resik iku sing utama
Nama: Intan Dwi permata sari
_______ _ _
Asmaradana
Sliramu kadya bhatari
Ingkang mudhun ing bantala
Tansah gwe ingsung seneng
Merga kebecikan sira
Sliramu kadya candra
Kang sopan tumindak laku
Kang becik kadya kusuma
Kinanti
kabeh kudu nuntut ilmu (8-u)
Ilmu kuwi tansah becik
Kanggo pedoman nng dunya
Nuntut ilmu kudu santi
mula akeh keuntungan (8-a)
lan ketentreman urip (8-i)
Pangkur
Kanggo lingkungan bantala
Tansah subur lan tansah kang nguripi
Amarga sorote banu
Uga soko manungsa
Manungsa ingkang ndwe semangat maju
Mbangun purwo uga bangsa
Bangsa kang maju lan adi
Nama : Ilham kurniawan
_____ _ _
Pangkur
Sekolah adiwiyata
Skolah kang ditata rapi lan resik
Sabendinane disapu
Tamane katon endah
Siswa siswi pada hormat marang guru
Ora dha pilih kekancan
Ora padha memusuhi
(Adiwiyata)
Asmaradana
Mung sliramu sing tak wanti
Kang katresnan bebarengan
Mung kowe sing tak butuhke
Ora mungkin sengsara
Dilakoni kang legawa
Karo kowe lan sliramu
Atiku mung kanggo kang mas
(Katresnan)
Kinanthi
Siswa kudu golek ilmu
Merga ilmu kuwi penting
Gawe pedoman ing ndunya
Nuntut ilmu kuwi becik
Merga akeh keuntungan
Uga bisa mbangun negri
(Ngudi Ilmu)
Nama: Puji Lestari
______ _ _
Pangkur
Nuntut ilmu neng sekolah
Bisa angerteni budi pekerti
Papan bisa nggo sinau
Wayah esok lan awan
Ngrungoake perintahe marang guru
Lan bisa ngerti agama
Agama kang migunani
Kinanthi
Taman endah sekolahku
Puspa abang aja lalis
Den jaga lestariya
Katon mata loh jinawi
Ngembang becik ing udyana
Ayem tentrem kita sami
Asmarandana
Kowe kang ana ing ati
Kowe kang dadi kencana
Ati iki kanggo kowe
Saben ulan ngirim layang
Supaya ati kuwat
Nahan kangen ning atiku
Kowe ana ing gegana
Nama : Fita Ardhia Adesti
_____ _ _
Asmarandana(katresnan)
Ati ora bakal lali
Masiya adohe gata
Ragaku layu rasane
Ora ana wong sing lagi
Sliramu kaya lintang
Tansah madangi atiku
Ora mandang banda dunya
Kinanti(Pendidikan)
Yen sinau aja karo turu
Supaya ngelmune becik
Aja digawe sungkawa
Ilmu mesthi migunani
Kanggo bangsa lan negara
Golek ilmu nganti mati
Pangkur(Adiwiyata)
Tanduran kudu dijaga
Isuk lan sore padha disirami
Lan aja lali dipupuk
Kudu sregep ngrawat
Menehi banyu lan pupuk kudu cukup
Dadi tanduran kang endah
Nyata ngrumati tanduran
Katon seger ora mati
Nama : M. IQBAL ALAN F
_______ _ _
Kinanti (Katresnan)
Lir Kusuma esemanmu (8u)
Gawe tentrem ing ati (8i)
Ora bakal ana liya (8a)
Amerga kowe ing ati (8i)
Muga Rahayu ing donya (8a)
Iya nganti tekan pati (8i)
Pangkur (Ngudi Ngelmu)
Nuntut ilmu ing sekolah (8a)
Bisa angerteni budi pekerti (11i)
Papan biso nggo sinau (8u)
Wayah esuk lan awan (7a)
Ngapalna Krama inggil lan Krama alus (12u)
Susah seneng dirasakna (8a)
Kanggo sangu urip iki (8i)
Asmarandana (Adiwiyata)
Resike lingkungan iki (8i)
Gawe endahe disawang (8a)
Ijone suket seng seger (8e)
Kudu dijaga tenan (7a)
Kanggo jaga slamet donya (8a)
Aja mung bisa ngrusak (7a)
Supaya nunggil rahayu (8u)
Kabeh manungsa ing donya (8u)
by : Nityasa Herdaya P.S
______ _ _
Asmaradana (Katresnan)
Nandang asmara ing ati
Tak rewangi ora mangan
Ben bengi mikerne kowe
Pikiran mung ana sira
Mujudke rasa tresna
Rasa tresna kang satuhu
Mung sira kang ingsun tresna
Kinanti (Pendidikan)
Sing sregep yen golek ilmu
Nganti ikhlas tak niati
Uga di barengi dunga
Dunga saka jero ati
Lan uga saka wong tuwa
Ben bisa nggayoh prestasi
Pangkur (Adiwiyata)
Lingkungan resik lan yogya
Ayo padha njaga lan diresiki
Tumindak resik kang tuhu
Aja tumindak ala
Resikana latar kae nganggo sapu
Aja mung guyon lan dolan
Rumaten kae tanduran
Katon ijo royo edi peni
Nama : Devis Suherma
_______ _ _ _
Asmaradana (Kasmaran)
Tresnaku tresna sejati (8i)
Tansah katon ana netra (8a)
Kaya edan bebasane (8e)
Kanggomu aku lila (7a)
Tetep sliramu cah bagus (8u)
Aku tresna,Aku tresna (8a)
Pangkur (Ngudi Ilmu)
Ayo kanca dha sekolah (8a)
Aja mikiri hal sing ora pasti (11i)
Menyang isuk golek ilmu (8u)
Sekolah sing tenanan (7a)
Supaya dadi wong sukses,sugih ilmu (12u)
Susah seneng dirasakna (8a)
Kanggo sangu urip iki (8i)
Kinanthi (Adiwiyata)
Kapan dha njaga alammu (8u)
Yen ora wiwit saiki (8i)
Ayo dha njaga lingkungan (8a)
Supaya endah lan resik (8i)
Lingkungan kudu di jaga (8a)
Supaya tetep lestari (8i)
Nama : Eva Dwi Lestari
______ _ _
Asmaradana (Ngudi Ilmu)
Para siwi ojo lali. (8i)
Ayo siwi podo moco. (8a)
Supaya dadi wong pinter. (8e)
Ngudi ilmu tekan cina. (8a)
Wit esuk tekan awan. (7a)
Senajan temetes eluh. (8u)
Ora nyerah yen lelana. (8a)
Kinanthi (Katresnan)
Tansaya adoh lumaku. (8u)
Sliramu ning ati iki. (8i)
Kadya dene sang kartika. (8a)
Iki tenan apa ngimpi ? (8i)
Anggenku nduweni kangmas. (8a)
Mung rika siji ng ati (8i)
Pangkur (Adiwiyata)
Para siswa ngguwak sampah. (8a)
Supaya lingkungane tetep asri. (11i)
Bungah rasane atiku. (8u)
Nyawang kembang dha mekar. (7a)
Sekolahku ora kekurangan banyu. (12u)
Seng ndadekake semangat. (8a)
Saben isuk ngeresiki. (8i)
Nama : Yuaan Stefy Putri
______ _ _
Asmaradana
Bungahing rasane ati
Nalika kok celuk sayang
Esemu hang gawe tentrem
Kabeh mau mung kahanan
Tresna mung kanggo sira
Katon sumunar atiku
Rasa kang tansah ngumbara
Kinanthi
Saben dina aku mlaku
Golek ilmu sing wigati
Wiwit esuk tekan awan
Susah seneng dilakoni
Abot enthenge dirasa
Kanggo sangu urip iki
Pangkur
Sekolah adiwiyata
Katon apik,resik,endah,lan rapi
Sabendina disapu
Kudu dijaga tenan
Supaya tentrem anggone golek ilmu
Lan aja mung bisa ngrusak
Katon endah alam iki
Nama:Rita Fatmasari
______ _ _
Pangkur
Karesikan ing lingkungan
Kudu jaga yen pengen tetep resik
Resik Ana lingkunganmu
Nandura macem puspa ing lingkunganmu
Dijaga ya saben Dina
Lingkungan apik lan asri
Kinanti
Rika kangen isun rindu
Amerga kowe ning ati
Ora anane Wong liya
Tresna iki nganti mati
Ora bakal golek liya
Merga tresna welas asih
Asmarandana
Nggolek ilmu migunani
Ben Dadi kebanggan
Sing mupangati ilmune
Mupangati kanggo warga
Dienggo mbantu warga
Kang ora Isa sinau
Ben dadi Wong Kang berguna
Nama : Nabilla Amalia
______ _ _
Asmarandana (Pendidikan)
Aja pati deleng tipi 8i
Ayo konco pada maca 8a
Kersane dadi wong sukses 8e
Direwangi netes swedq 8a
Agawe masa depan 7a
Ben ora kleru dalanmu 8u
Lan aja lali ngibadah 8a
Kinanti (Katresnan)
Sembayangku tak sregepi 8i
Supaya dadi imammu 8u
Lungguh jejer sesandingan 8a
Yo mung kowe seng tak impi 8i
Angele anggonku nresna 8a
Jaran goyang tak lakoni 8i
Pangkur (Adiwiyata)
Alamlu resik lan endah 8a
Ayo para kanca padha di uri uri 11i
Ayo pada jaga alam 8a
Aja mung biso ngrusak 7a
Mengko malah bisa dadekake cilaka 12a
Mula ayo podo jaga 8a
Kanthi iklas lan legawa 8a
Mulo ayo diresiki 8i
Nama : Prayogo dino saputro
_____ _ _
Asmaradana (Katresnan)
Sing dadi pujane ati (8i)
Njaga atine sing yitna (8a)
Aja dadi sak penake (8e)
Ben slirane ora ilang (8a)
Katresnan iki Ana (7a)
Merga anane awakmu (8u)
Kang ajeg ana wardaya (8a)
Pangkur (Adiwiyata)
Sekolah adiwiyata (8a)
Sekolah kang dadi tuladha becik (11i)
Saben kelase disapu (8u)
Kudu njaga sekolah (7a)
Been penak wong sing pasha nggolek ilmu (12u)
Mergo panggonan sing penak (8a)
Nggwe ademe ing ati (8i)
Kinanthi (Pendidikan)
Ayo padha nggolek ilmu (8u)
Ben dadi wong sing apik (8i)
Ayo kanca padha maca (8a)
Kang ilmune sing abadi (8i)
Nganti teka cakrawala (8a)
Uga dadi wong sing becik (8i)
Nama: Nurfatimah
______ ___
Kinanti (katresnan)
Riko kangen isun rindu
Amerga kowe ning ati
Ora anane wong liya
Tresna iki sampe mati
Ora bakal golek liya
Merga tresna welas asih
Pangkur (pendidikan)
Ayo pada ing sekolah
Supaya dadi wong sugih
Sugih perkara ilmu
Ora sugih sing liya
Ilmu iku penting kanggo anak putu
Kanggo sangune berjuang
Kanggo pangurip sejati
Asmaradana (kebersihan)
Ayo pada resik-resik
Supaya resik lan indah
Urip dadi ayem tentrem
Tanpa polusi udara
Galakan penghijauan
Supaya endah alamu
Lingkungan kudu dijaga
By Istimatul Nikmah
______ __ _
Kinanthi
(Katresnan)
Aku tresna sliramu bu (8u)
Sliramu sing sabar ati (81)
Sliramu kang duwe tresna (8a)
Tresna tulus saka ati (8i)
Sliramu dadi katresnan (8a)
Sliramu tetep ning ati (8i)
Asmarandana
(Adiwiyata)
Ayo padha resik-resik (8i)
Supaya resik lan endah (8a)
Aja kalah ro liyane (8e)
Kang wis dha Adiwiyata (8a)
Supaya tetep Endah (7a)
Sapa sing njaga alami(8u)
Yen ora awakmu dewe (8e)
Pangkur
(Pendidikan)
Ayo padha ning sekolah (8a)
Golek ilmu kang manfaate pasti(11i)
Ayo sing sregep sinau(8u)
Aja mung padha dolan(7a)
Kang bakal bisa ngrusak masadepan mu(12u)
Aja lali bab agama(8a)
Agama kang migunani(8i)
Nama : Didin Suryaningrum
_____ _ _
Kinanthi (pendidikan)
Sekolah panggone ilmu
Ilmu kanggo sangu urip
Mangkat isuk mulih awan
Bisa ngerteni pekerti
Susah seneng dirasakna
Kanggo sangu urip iki
Asmaradana (Adiwiyata)
Keresikan iku penting
Anggone betah disawang
Gawe urip ayem tentrem
Tamane katon endah
Duweni akeh wit-witan
Lan uga akeh kembang
Saya tansah subur makmur
Apik kanggo panguripan
Pangkur (Katresnan)
Susah seneng dirasakna
Mung sira kang dadi tentreme ati
Dadi katresnan atiku
Pikiranku mung kang mas
Kang mas kang bagus tampanana atiku
Ganda arum kaya puspa
Kang manggon ning ati iki
Nama : Elsya Anafitria
_____ _ _
ASMARADANA
Tresna iki tansah suci
Mung kowe ra ana liya
Selawase ya mung kowe
Kowe tansah ing angenan
Ganda arume puspa
Kang nggambarake tresnaku
Ya mung kowe sing tak tresna
KINANTHI
Kudu sregep golek ilmu
Golek ilmu iku wajib
Golek ilmu ing sekolah
Kanggo bekti marang negeri
Kanggo bekti ing wong tuwa
Kanggo dadi luwih becik
PANGKUR
Lingkungan kudu dijaga
Kudu gemi migunakake listrik
Ya uga gemi banyu
Supaya urip sehat
Supaya ayem uga tentrem uripmu
Gawe lingkungan kang endah
Kanggo nylametke pertiwi
Nama : Indah Fauziah Isya Putri
______ _ __
Asmaradana (katresnan)
Bungahing rasane ati
Anggonku nandang kasmaran
Katon sumeh esemane
Lir kaya dene arjuna
Ra waleh anggonku nyawang
Yo amung nyawang cah bagus
Kang dadi sigaring nyawa
Kinanthi (ngudi ilmu)
Sing sregep yen ngudi ilmu
Ben dadi wong sing pangerti
Ora mung ilmu donya
Ananging uga akhirat
Supaya tansah kelingan
Yen bakal nemoni pati
Pangkur (Adiwiyata)
Lingkungan perlu dirumat
Mergo kalestaren tansah wigati
Kanggo lingkungan kang asri
Mula endah sing nyawang
Yen lingkungan katon tumata kaurus
Ayo dha jaga lingkungan
Supaya tetep lestari
Nama : Malikatul Wakhidah
______ _ _
Kinanthi (katresnan)
Mungkin iseh ana wektu(8u)
Nanging ilang kayo Agni(8i)
Jalaran ana wong liyan(8a)
Kowe nyulayani janji(8i)
Tresna seng kaya kusuma(8u)
Wes ilang bok sulayani(8e)
Asmarandana(pendidikan)
Gegarani wong ngilmuni(8u)
Gak kudu pinter fisika(8a)
Amung ati panutane(8e)
Supaya slamet ing donya(7a)
Kabeh kudu nuntot ilmu(8u)
Pendidikan sing utama(8a)
Pangkur (Adiwiyata)
Kerusakan ning lingkungan(8a)
Jalaran wong kang ra tau ngresiki(11i)
Dadi ciri lingkunganku(8u)
Ngresiki sak bendina(7a)
Ben rijik sak bendina ing lingkunganmu(8a)
Disirami ben ra mati(8i)
Vina Anisa Putri
_____ _ _
Asmaradhana(katresnan)
Ora harsana ing ati(8i)
Weruh kowe ro wong liyan(8a)
Tansah padha guyon bareng (8e)
Ninggalno ingsun dhewekan(8a)
Nawi iki wes marga(7a)
Kudu legawa ing kalbu(8u)
Ngecul kowe ro wong liyan(8a)
Kinanthi(pendidikan)
Ayo aja padha turu(8u)
Wayae jenggirat tangi(8i)
Siap budal ing sekolah(8a)
Ngawali ing dina iki(8i)
Supaya bisa widura(8a)
Lan bisa dadi palupi(8i)
Pangkur(Adiwiyata)
Ayo rek padha resikan(8a)
Diwiwiti kulina resik-resik(11i)
Lan gemi nggunakne banyu(8u)
Kanggo urip kang nyaman(7a)
Supaya wit lan kembange ora layu(12u)
Ayo rek padha resikan(8a)
Kanggo nylametake bumi(8i)
Nama : BELLA LIA PUSPITASARI
______ _ _ _ _
Asmarandana
Ngelakoni tresna suci
Sakyetine nguda rasa
Amung kasih pangarepe
Wong Ayu ingkang tak tresna
Kowe pancen ning raga
Slirahmu pepujanku Saktenane aku tresna
Pangkur
Sekolah adiwiyata
Sekolah kang ditata rapi lan resik
Sabendinane di sapu
Tamane katon endah
Siswa siswi padha ngormati mring guru
Duweni akeh wit witan
Lingkungane katon asri
Kinanthi
Menyang isuk golek ilmu
Dinggo pengalamane urip
Ayo kanca di gatekna
Maca buku migunani
Susah seneng dirasakna
Kanggo sangu urip iki
Nama : Kintan Ayu Pramesti
_____ _ _
KINANTHI: ngudi ilmu
Kabeh kudu nuntut ilmu (8u)
Kanggo pedomane urip (8i)
Ning ndonya lan ning akhirat (8a)
Lan bisa guna ing negri (8i)
Mula akeh keuntungan (8a)
Nggo nglakoni urip iki (8i)
ASMARANDHANA: katresnan
Sliramu ning awang awang (8a)
Kang tetep ing ati iki (8i)
Tresnaku mung kanggo kowe (8e)
Arume kang kadya puspa (8a)
Sliramu sing tak sayang (7a)
Sing tansah ayu parasmu (8u)
Mula tetep bebarengan (8a?
PANGKUR: ADIWIYATA
Resik iku kang utama (8a)
Gawe panguripan becik lan asri (11i)
Uga gawe urip makmur (8u)
Mula njaga lingkungan (7a)
Supaya resik lan endah lingkunganku (12u)
Kang lewat adiwiyata (8a)
Supaya tentrem lestari (8i)
Nama: M. Risky fajri alwi
________ _ _
kinanti(adiwiyata)
ing sekolah golek ilmu (8u)
lan nuntut budi pekerti (8i)
aja lali jaga lingkungan (8a)
supaya indah lan rapi (8i)
lingkungan adiwiyata (8a)
kang dijaga murid murid (8i)
asmarandana(katresnan)
dadi wong kudu sejati (8i)
aja kanca mangan kanca (8a)
aja golek sing liyane (8e)
kerono iku wong liya (8a)
durung mesti setya (7a)
karo kowe lan sliramu (8u)
tansah tetep bebarengan (8a)
pangkur(pendidikan)
nuntut ilmu ing sekolah (8a)
bisa angerteni budi pekerti (11i)
papan bisa nggo sinaj (8u)
wayah isuk lan awan (7a)
ngrungoake perintahe marang guru (12u)
nganti saged maca lancar (8a)
Nama: Chika Amelia
______ _ _
Asmarandana (katresnan)
Uripku kepati-pati (8i)
Nyawang kowe karo liyan (8a)
Apa kowe ra ngrasakne (8a)
Mung nyawang saka kadohan (8a)
Mugo enggal kerasa (7a)
Ngerti isine atiku (8u)
Sliramu dadi katresnan (8a)
Kinanthi (adiwiyata)
Ayo kanca padha rawuh (8u)
Kanggo bareng resik-resik (8i)
Mergo resik nggawe bungah (8a)
Adem ayem awan bengi (8i)
Kanggo njogo keresikan (8a)
Nggawe bungah tekan ati (8i)
Pangkur (pendidikan)
Nuntut ilmu ing sekolah (8a)
Diwiwiti sing sabar lan prihatin (11i)
Kabeh kui mergo ilmu (8u)
Ojo mikir dolanan (7a)
Ngerungokne marang perintahe guru (12u)
Supaya ngerti agama (8a)
Lan nduwe budi pekerti (8i)
NAMA : BELINDA CLARISSA
_____ _ _
ASMARANDHANA : KATRESNAN
Nandang asmara ing mati (8i)
Senadyan katon ing mati (8a)
Ra bisa ngelaleake (8e)
Tetep kebayang ing mata (8a)
Kebayang saben dina (7a)
Rasa tresna kang satuhu (8u)
Aku tresna aku tresna (8a)
KINANTHI : PENDIDIKAN
Semangata golek ilmu (8u)
Kanggo pedomane urip (8i)
Ning donya lan ning akhirat (8a)
Ilmu kudu dipahami (8i)
Mula akeh keuntungan (8a)
Kanggo katentreman urip (8i)
PANGKUR : ADIWIYATA
Skolahku adiwiyata (8a)
Nduweni lingkungan becik lan resik (11i)
Saben dinane disapu (8u)
Tamane katon endah (7a)
Gawe siswa siswi semangat sinau (12u)
Tamane kebek kusuma (8a)
Skolahku sing tak tresnani (8i)
Nama : Friendyka Priambudi Immanuel
_____ _ _
Asmaradana (Katresnan)
Mung siji tresna neng ati (8i)
Tresna marakne danawa (8a)
Tresna Iki mung ing kowe (8e)
Ora bakal ana liya (8a)
Mujudake rasa tresna (7a)
Cah ayu sing ana ning atiku (8u)
Jenengmu ana ning donga (8a)
Kinanti (Pendidikan)
Sinauku golek ilmu (8u)
Ora awan ora bengi (8i)
Lan dedungane wong tua (8a)
Maneka warna prestasi (8i)
Sing diraih anak bangsa (8a)
Kanggi mbanggakake negri (8i)
Pangkur (Adiwiyata)
Katon ijo royo alam donya (8a)
Aja dirusak nggo wong ora becik (11i)
Dijaga nggo anak putu (8u)
Nganti wujud kang endah (7a)
Kudu dijaga apik ben ora gundhul (12u)
Sekolah adiwiyata (8a)
Uga duweni peranan (8i)
Kudu sregep, becik, resik (8i)
Nama: Ryco Eltanto
_____ _ _
Asmarandhana
Nandang asmara ing ati
Ora mandang bandha rupa
Kaya edan bebasane
Lamun ketok jroning mata
Kebayang saben dina
Tansah ketok ing sukmamu
Cah Ayu ingkang tak tresna
Ora mandang bandha rupa
Kaya edan bebasane
Lamun ketok jroning mata
Kebayang saben dina
Tansah ketok ing sukmamu
Cah Ayu ingkang tak tresna
Kinanthi
Urip kuwi butuh ilmu
Ilmu kudu diduweni
Angel yen ora diwaca
Mula becik den titeni
Wawasan kudu ditambah
Ilmu kudu dipahami
Ilmu kudu diduweni
Angel yen ora diwaca
Mula becik den titeni
Wawasan kudu ditambah
Ilmu kudu dipahami
Pangkur
Sekolah adiwiyata
Sekolah sing panggone katon asri
Ora ana godhong alum
Tamane katon endah
Lan kardi siswane katon saya lugu
Tanduran kudu dirumat
Endah sing paling utama
Reged kudu diadohi
Sekolah sing panggone katon asri
Ora ana godhong alum
Tamane katon endah
Lan kardi siswane katon saya lugu
Tanduran kudu dirumat
Endah sing paling utama
Reged kudu diadohi
Nama: Galang Aji Pratama
_______ _ _
_______ _ _
Kinanthi (pendidikan)
Kudu sregep yen sinau
Ben ora nyesel ing mburi
Dibarengi karo solat
Lan kudune diniati
Supaya ilmune berkah
Lan dadi uwong sing becik
Asmaradana (kasmaran)
tresna iki welas suci
saben dina bakal ana
tresnoku bener anane
rabakal ilang lan sirna
welas iki sek ana
mung tetep kanggo awakmu
welas iki tetep nyata
tresna iki welas suci
saben dina bakal ana
tresnoku bener anane
rabakal ilang lan sirna
welas iki sek ana
mung tetep kanggo awakmu
welas iki tetep nyata
Pangkur (Adiwayata)
lingkungan kudu dijaga
supaya tetep dadi resik asri
ben tanduran ora layu
supayaning kejaga
tandurane kudu tetep diurus
supayaning tetep endah
kudu tetep diresiki
lingkungan kudu dijaga
supaya tetep dadi resik asri
ben tanduran ora layu
supayaning kejaga
tandurane kudu tetep diurus
supayaning tetep endah
kudu tetep diresiki
Nama: Regina cahya kirani
_______ _ _
_______ _ _
Asmarandana
Sliramu sing tak tresnani
Sliramu ra ana liya
Tapi kowe malah ngece
Ngaleh di sanding wong liya
Nganti aku ra mangan
Mung mikirake sliramu
Digandeng wong liya
Sliramu sing tak tresnani
Sliramu ra ana liya
Tapi kowe malah ngece
Ngaleh di sanding wong liya
Nganti aku ra mangan
Mung mikirake sliramu
Digandeng wong liya
Kinanthi
Warisan saka leluhur
Warisan kudu lestari
Dienggo ing saben dina
Aja lali di sirami
Dadi tanduran kang endah
Kang bisa nguripi negri
Warisan saka leluhur
Warisan kudu lestari
Dienggo ing saben dina
Aja lali di sirami
Dadi tanduran kang endah
Kang bisa nguripi negri
Pangkur
Nuntut ilmu kudu ikhlas
Ilmu kuwi tur agawe basuki
Nuntut ilmu kudu laju
Aja di gawe sambat
Amarga ilmu kui di gawa layu
Ilmu akeh keuntungan
Tur gawe tentrem e ati
Nuntut ilmu kudu ikhlas
Ilmu kuwi tur agawe basuki
Nuntut ilmu kudu laju
Aja di gawe sambat
Amarga ilmu kui di gawa layu
Ilmu akeh keuntungan
Tur gawe tentrem e ati
Nama: Alexander Hexa
________ _ _
Terima kasih kakak sangatt membantu sekali🤗
BalasHapusiya
Hapussemoga bermanfaat ya.....